Jumat, 15 November 2013

Aksi Forum Petani Kakao Gunungkidul



Ngrembakaken Taneman Kakao
Sabtu, 06 April 2013 | 18:24 WIB

Gunungkidul, Puluhan petani kakao ing Gunungkidul, dinten Jemuwah (5/4) siyang, dipun gladhi caranipun ngrembakakaken taneman kakao, supados asil panenipun tumanja. Gladhen punika dipun ajab, saged nambah seserepanipun petani kakao.
Kecamatan Karangmojo, Ponjong, lan Patuk, Kabupaten Gunungkidul, mujudaken teleng taneman kakao. Ing tigang kecamatan kasebat, lajeng dipun dhapuk satunggaling forum petani kakao Gunungkidul. Forum punika ngesuhi 48 kelompok, wondene warganipun tiyang 1.700. Ngantos samangke taneman kakao ingkang dipun rembakaken dening petani kakao ing wewengkon kasebat, asil panenipun dereng tumanja. Bab punika dipun dugi jalaran para petani kakao dereng mangertos caranipun ngupakawis taneman kakao, sarta jalaran paneraking ama helopeltis, ingkang njalari uwoh kakao bosok, lan uwit kakao gapuk.
Awit saking punika, para petani kakao ing wewengkon kasebat, kedah dipun gladhi ngupakawis taneman kakao, supados asil panenipun maremaken. (Anjar Ardityo)

langkung komplitipun ningali : http://www.jogjatv.tv/berita/06/04/2013/ngrembakaken-taneman-kakao#sthash.vi3ioMsd.dpuf

Tidak ada komentar:

Posting Komentar